꧋ꦥꦗꦔꦤ꧀(꧇꧑꧑꧇/꧇꧐꧗꧇)ꦣꦶꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦏꦩꦶꦱ꧀ꦠꦧꦸꦃ꧇꧑꧓꧇꧉꧇꧐꧐꧇ꦮꦶꦧ꧀ꦥꦥꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦥꦼꦤ꧀ꦝꦥꦏꦥꦤꦺꦮꦺꦴꦤ꧀ꦥꦗꦔꦤ꧀ꦝꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦤꦏꦺꦤ꧀ꦄꦣꦶꦕꦫꦥ꦳ꦺꦴꦫꦸꦩ꧀ꦏꦺꦴꦩꦸꦤꦶꦏꦱꦶꦥꦶꦩ꧀ꦥꦶꦤꦤ꧀ꦏꦥꦤꦺꦮꦺꦴꦤ꧀ꦥꦗꦔꦤ꧀ꦫꦮꦸꦃꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦄꦣꦶꦕꦫꦩꦼꦤꦶꦏꦫꦺꦴꦩꦺꦴꦥꦤꦼꦮꦸꦥꦗꦔꦤ꧀ꦏꦥꦺꦴꦭ꧀ꦱꦺꦏ꧀ꦥꦗꦔꦤ꧀ꦣꦤꦿꦩꦶꦭ꧀ꦥꦗꦔꦤ꧀ꦏꦼꦥꦭꦗꦮꦠꦤ꧀ꦥꦿꦗꦏꦥꦤꦺꦮꦺꦴꦤ꧀ꦥꦗꦔꦤ꧀ꦣꦸꦏꦸꦃꦱꦼꦠ꧀ꦭꦠꦃꦏꦥꦤꦺꦮꦺꦴꦤ꧀ꦥꦗꦔꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦄꦣꦶꦕꦫꦩꦼꦤꦶꦏꦫꦺꦴꦩꦺꦴꦥꦤꦼꦮꦸꦚꦎꦱꦶꦥꦶꦂꦱꦺꦴꦧꦲꦪꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦗꦸꦣꦶꦎꦤ꧀ꦭꦻꦤ꧀ꦱꦒꦺꦠ꧀ꦝꦣꦺꦴꦱ꧀ꦱꦼꦧꦧ꧀ꦩ꧀ꦭꦫꦠ꧀ꦗꦸꦣꦶꦎꦤ꧀ꦭꦻꦤ꧀ꦩꦼꦤꦶꦏꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦝꦶꦠꦠꦏꦭꦺꦃꦧꦤ꧀ꦝꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦸꦥꦣꦺꦴꦱ꧀ꦧꦤ꧀ꦝꦂꦩꦼꦤꦁ꧈ꦩꦼꦤꦮꦶꦠꦱꦶꦃꦄꦮꦭ꧀ꦱꦒꦺꦠ꧀ꦩꦼꦤꦁꦱꦸꦥꦣꦺꦴꦱ꧀ꦔꦿꦎꦱ꧀ꦉꦩꦼꦤ꧀ꦔꦼꦣꦭꦏꦺꦤ꧀ꦪꦺꦴꦠꦿꦺꦴ꧈ꦤꦔꦶꦁꦱꦏ꧀ꦭꦗꦺꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦤ꧀ꦝꦂꦆꦁꦏꦁꦩꦼꦤꦁ꧈ꦥꦶꦚ꧀ꦗꦺꦴꦭ꧀ꦔ꧀ꦒꦶꦃꦱꦩꦶ꧈ꦱꦒꦺꦠ꧀ꦝꦶꦥꦣꦺꦴꦱꦶꦣꦼꦥ꧀ꦕꦺꦴꦭꦺꦕ꧀ꦠꦺꦴꦂꦭꦤ꧀ꦱꦒꦺꦠ꧀ꦔ꧀ꦭꦭꦸ꧉ꦏꦥꦺꦴꦭ꧀ꦱꦺꦏ꧀ꦥꦗꦔꦤ꧀ꦚꦎꦱꦶꦥꦶꦂꦱꦺꦴꦧꦶꦭꦶꦃꦱꦏ꧀ꦩꦼꦤꦶꦏꦗꦸꦣꦶꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦩ꧀ꦧꦺꦴꦠꦺꦤ꧀ꦠꦶꦥꦶꦫꦶꦁꦩꦭꦶꦃ꧈ꦤꦔꦶꦁꦧꦏꦭ꧀ꦝꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦺꦴꦱꦺꦱ꧀ꦝꦸꦩꦸꦒꦶꦥꦼꦔꦣꦶꦭꦤ꧀꧈ꦩꦻꦤ꧀ꦔ꧀ꦒꦶꦃꦣꦶꦥꦸꦤ꧀ꦄꦮꦶꦱꦶꦏꦭꦶꦃꦱꦼꦣꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦄꦒꦩ꧈
Pajangan (11/07) dinten kamis tabuh 13.00 WIB papan wonten pendapa kapanewon pajangan dipun wontenaken adicara forum komunikasi pimpinan kapanewon pajangan, rawuh wonten adicara menika romo panewu pajangan, Kapolsek pajangan, danramil pajangan, kepala jawatan praja kapanewon pajangan, dukuh se tlatah kapanewon pajangan, wonten adicara menika romo panewu nyaosi pirso bahayanipun judi online, saget dados sebab mlarat, judi online menika sampun di tata kaleh bandaripun supados bandar menang, menawi tasih awal saget menang supados ngraos remen ngedalaken yotro, nanging sak lajengipun bandar ingkang menang, pinjol nggih sami, saget di padosi depcolector lan saget nglalu. Kapolsek pajangan nyaosi pirso bilih sak menika judi sampun mboten tipiring malih, nanging bakal dipun proses dumugi pengadilan. Main nggih dipun awisi kalih sedanten agama,