Adicara Mangayubagyo Karawuhanipun Saking Tindak Haji Romo Yusuf Harjanto,SE (Kepala Jawatan Keamanan) Wonten Pendapa Kapanewon Pajangan. ꧋ꦄꦣꦶꦕꦫꦩꦔꦪꦸꦧꦒꦾꦺꦴꦏꦫꦮꦸꦲꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦠꦶꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦲꦗꦶꦫꦺꦴꦩꦺꦴꦪꦸꦱꦸꦥ꦳꧀ꦲꦂꦗꦤ꧀ꦠꦺꦴ꧈ꦱꦼ(ꦏꦼꦥꦭꦗꦮꦠꦤ꧀ꦏꦼꦄꦩꦤꦤ꧀)ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦥꦼꦤ꧀ꦝꦥꦏꦥꦤꦺꦮꦺꦴꦤ꧀ꦥꦗꦔꦤ꧀

Pajangan (19/07) dinten jumat tabuh 07.30 WIB, papan wonten pendapa kapanewon pajangan, di wontenaken Adicara Mangayubagyo karawuhanipun saking tindak haji romo Yusuf Harjanto,SE wonten pendapa kapanewon pajangan. Rawuh wonten ing adicara menika romo panewu pajangan, romo Anjar arintaka putra SSos MM, ibu panewu anom, kawat sosial, kawat kemakmuran, ibu koordinator plkb pajangan inggih menika ibu Ir Sriyani, M.Si, sekalian staf kapanewon pajangan, pkh pajangan. Wonten ing adicara menika romo panewu pajangan ngendika bilih Sugeng rawuh saking haji , mugi mugi dados haji ingkang mabrur. Sak lajengipun romo Yusuf Harjanto, SE ngendikan bilih muji syukur saget kondur kanti sehat, amargi kadangkala wonhten ing siti suci Makkah menika amargi benter, kondisi tiyang menika saget gantosan enjang kraos meriang, mangke sonten sampun sehat malih, wonten ing makkah menika tiyang wekdal 6 dinten pertama kraos dehidrasi amargi benter, nanging dinten dinten sak lajengipun sampun saget nampi benteripun makkah menika, pungkasanipun lajeng Kaji Yusuf Harjanto dedonga sareng sareng. ꧋ꦥꦗꦔꦤ꧀(꧇꧑꧙꧇/꧇꧐꧗꧇)ꦣꦶꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦗꦸꦩ꧀ꦄꦠ꧀ꦠꦧꦸꦃ꧇꧐꧗꧇꧉꧇꧓꧐꧇ꦮꦶꦧ꧀‌ꦥꦥꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦥꦼꦤ꧀ꦝꦥꦏꦥꦤꦺꦮꦺꦴꦤ꧀ꦥꦗꦔꦤ꧀‌ꦣꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦤꦏꦺꦤ꧀ꦄꦣꦶꦕꦫꦩꦔꦪꦸꦧꦒꦾꦺꦴꦏꦫꦮꦸꦲꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦠꦶꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦲꦗꦶꦫꦺꦴꦩꦺꦴꦪꦸꦱꦸꦥ꦳꧀ꦲꦂꦗꦤ꧀ꦠꦺꦴ꧈ꦱꦼꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦥꦼꦤ꧀ꦝꦥꦏꦥꦤꦺꦮꦺꦴꦤ꧀ꦥꦗꦔꦤ꧀꧈ꦫꦮꦸꦃꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦆꦁꦄꦣꦶꦕꦫꦩꦼꦤꦶꦏꦫꦺꦴꦩꦺꦴꦥꦤꦼꦮꦸꦥꦗꦔꦤ꧀‌ꦫꦺꦴꦩꦺꦴꦄꦚ꧀ꦗꦂꦄꦫꦶꦤ꧀ꦠꦏꦥꦸꦠꦿꦱ꧀ꦱꦺꦴꦱ꧀ꦩ꧀ꦩ꧀‌ꦆꦧꦸꦥꦤꦼꦮꦸꦄꦤꦺꦴꦩ꧀‌ꦏꦮꦠ꧀ꦱꦺꦴꦱꦶꦪꦭ꧀‌ꦏꦮꦠ꧀ꦏꦼꦩꦏ꧀ꦩꦸꦫꦤ꧀‌ꦆꦧꦸꦏꦺꦴꦎꦂꦣꦶꦤꦠꦺꦴꦂꦥ꧀ꦭ꧀ꦏ꧀ꦧ꧀ꦥꦗꦔꦤ꧀ꦆꦁꦒꦶꦃꦩꦼꦤꦶꦏꦆꦧꦸꦆꦂꦱꦿꦶꦪꦤꦶ꧈ꦩ꧀꧈ꦱꦶ꧈ꦱꦼꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦱ꧀ꦠꦥ꦳꧀ꦏꦥꦤꦺꦮꦺꦴꦤ꧀ꦥꦗꦔꦤ꧀‌ꦥ꧀ꦏ꦳꧀ꦥꦗꦔꦤ꧀꧈ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦆꦁꦄꦣꦶꦕꦫꦩꦼꦤꦶꦏꦫꦺꦴꦩꦺꦴꦥꦤꦼꦮꦸꦥꦗꦔꦤ꧀ꦔꦼꦤ꧀ꦝꦶꦏꦧꦶꦭꦶꦃꦱꦸꦒꦺꦁꦫꦮꦸꦃꦱꦏꦶꦁꦲꦗꦶ꧈ꦩꦸꦒꦶꦩꦸꦒꦶꦣꦝꦺꦴꦱ꧀ꦲꦗꦶꦆꦁꦏꦁꦩꦧꦿꦸꦂ꧉ꦱꦏ꧀ꦭꦗꦺꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦺꦴꦩꦺꦴꦪꦸꦱꦸꦥ꦳꧀ꦲꦂꦗꦤ꧀ꦠꦺꦴ꧈ꦱꦼꦔꦼꦤ꧀ꦝꦶꦏꦤ꧀ꦧꦶꦭꦶꦃꦩꦸꦗꦶꦱꦾꦸꦏꦸꦂꦱꦒꦺꦠ꧀ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦝꦸꦂꦏꦤ꧀ꦠꦶꦱꦺꦲꦠ꧀‌ꦄꦩꦂꦒꦶꦏꦣꦁꦏꦭꦮꦺꦴꦤ꧀ꦲ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦆꦁꦱꦶꦠꦶꦱꦸꦕꦶꦩꦏ꧀ꦏꦃꦩꦼꦤꦶꦏꦄꦩꦂꦒꦶꦧꦼꦤ꧀ꦠꦼꦂ꧈ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦝꦶꦱꦶꦠꦶꦪꦁꦩꦼꦤꦶꦏꦱꦒꦺꦠ꧀ꦒꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱꦤ꧀ꦄꦼꦚ꧀ꦗꦁꦏꦿꦎꦱ꧀ꦩꦼꦫꦶꦪꦁ꧈ꦩꦁꦏꦺꦱꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦺꦲꦠ꧀ꦩꦭꦶꦃ꧈ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦆꦁꦩꦏ꧀ꦏꦃꦩꦼꦤꦶꦏꦠꦶꦪꦁꦮꦼꦏ꧀ꦝꦭ꧀꧇꧖꧇ꦣꦶꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦥꦼꦂꦠꦩꦏꦿꦎꦱ꧀ꦝꦺꦲꦶꦣꦿꦱꦶꦄꦩꦂꦒꦶꦧꦼꦤ꧀ꦠꦼꦂ꧈ꦤꦔꦶꦁꦣꦶꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦝꦶꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦱꦏ꧀ꦭꦗꦺꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦒꦺꦠ꧀ꦤꦩ꧀ꦥꦶꦧꦼꦤ꧀ꦠꦼꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦏ꧀ꦏꦃꦩꦼꦤꦶꦏ꧈ꦥꦸꦁꦏꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦗꦺꦁꦏꦗꦶꦪꦸꦱꦸꦥ꦳꧀ꦲꦂꦗꦤ꧀ꦠꦺꦴꦣꦼꦣꦺꦴꦔꦱꦫꦺꦁꦱꦫꦺꦁ꧉