Pajangan, Senin 16 September 2024 – Upacara Adat Nguras Sendang Angin-Angin ing Padukuhan Guwo, Triwidadi, Pajangan sampun di adeni dangu sanget. perkawis menika di aturaken kaliyan Lurah Triwidadi, Slamet Riyanto wonten ing upacara Adat Nguras Sendang Angin-Angin ing dinten Senin 16/09/2024. “Rumiyen warga masyarakat antri sirami, ngumbahi lan mendet toya teng mriki, sebab dereng onten tuk-tukan toya sanesipun”, mekaten pangandikanipun.
Tumrap Warga masyarakat ing Padukuhan Guwo lan sak kiwa tengenipun, kawontenan Sendang Angin-Angin nggadahi artos ingkang baken sanget. sanesipun kagem nyekapi kabetahan gesang kados siram lan umbah umbah, ugi aspek spiritual. Slamet Riyanto nggadahi pangajab tradisi budaya turun temurun menika saget di lestarike mboten namung saking spiritual mawon ananginng ugi pariwisata nipun. sehingga saget nambahi perekonomian masyarakat.
Kados sanepo “tumbu oleh tutup”, pangandikan harapan Lurah Triwidadi niki kados angsal bayu seger. kados ingkang di aturaken Sekretaris Dinas Kebudayaan (Kundha Kabudayan) Kabupaten Bantul, Slamet Pamuji. bilih sak menika Dinas Kebudayaan Kabupaten Bantul saweg menggalihaken lan ngrembag Upacara Adat Nguras Sendang Angin-Angin wonten ing Padukuhan Guwo, Triwidadi, Pajangan supados diusulaken dados warisan budaya tak-benda teng Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan. sak umpami di setujui , tentu Upacara Adat Sendang Angin-Angin niki saget tambah gayeng

Acara Upacara Nguras Sendang Angin-Angin ugi di rawuhi Anggota DPRD Bantul H. Sapto Sarosa dan Nur Huda Waskita, Panewu lan Jajaran Forkompimkap Pajangan, Lurah lan pamong Kalurahan Triwidadi, Bamuskal, perangkat kalurahan lan warga sak kiwa tengenipun.
Acara diawali kaliyan kirab budaya lan nyaosaken alat alat perangkat kuras sendang, tari-tarian, sambutan-sambutan, waosan tahlil saking Simbah Kaum Salimin, prosesi nguras sendang lan penandatanganan prasasti kalih Sekretaris Dinas Kebudayaan Kabupaten Bantul lan Panewu Pajangan.

꧋ꦥꦗꦔꦤ꧀ꦱꦼꦤꦶꦤ꧀꧇꧑꧖꧇ꦱꦺꦥ꧀ꦠꦺꦩ꧀ꦧꦼꦂ꧇꧒꧐꧒꧔꧇–ꦈꦥꦕꦫꦄꦣꦠ꧀ꦔꦸꦫꦱ꧀ꦱꦼꦤ꧀ꦝꦁꦄꦔꦶꦤ꧀ꦄꦔꦶꦤ꧀ꦆꦁꦥꦣꦸꦏꦸꦲꦤ꧀ꦒꦸꦮꦺꦴ꧈ꦠꦿꦶꦮꦶꦣꦝꦶ꧈ꦥꦗꦔꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦝꦶꦄꦣꦺꦤꦶꦣꦔꦸꦱꦔꦺꦠ꧀꧈ꦥꦼꦂꦏꦮꦶꦱ꧀ꦩꦼꦤꦶꦏꦣꦶꦄꦠꦸꦫꦏꦺꦤ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦭꦸꦫꦃꦠꦿꦶꦮꦶꦣꦝꦶ꧈ꦱ꧀ꦭꦩꦺꦠ꧀ꦫꦶꦪꦤ꧀ꦠꦺꦴꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦆꦁꦈꦥꦕꦫꦄꦣꦠ꧀ꦔꦸꦫꦱ꧀ꦱꦼꦤ꧀ꦝꦁꦄꦔꦶꦤ꧀ꦄꦔꦶꦤ꧀ꦆꦁꦣꦶꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦱꦼꦤꦶꦤ꧀꧇꧑꧖꧇/꧇꧐꧙꧇/꧇꧒꧐꧒꧔꧇꧉“ꦫꦸꦩꦶꦪꦺꦤ꧀ꦮꦂꦒꦩꦱꦾꦫꦏꦠ꧀ꦄꦤ꧀ꦠꦿꦶꦱꦶꦫꦩꦶ꧈ꦔꦸꦩ꧀ꦧꦲꦶꦭꦤ꧀ꦩꦼꦤ꧀ꦝꦼꦠ꧀ꦠꦺꦴꦪꦠꦺꦁꦩꦿꦶꦏꦶ꧈ꦱꦼꦧꦧ꧀ꦝꦼꦉꦁꦎꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦠꦸꦏ꧀ꦠꦸꦏꦤ꧀ꦠꦺꦴꦪꦱꦤꦺꦱꦶꦥꦸꦤ꧀”꧈ꦩꦼꦏꦠꦺꦤ꧀ꦥꦔꦤ꧀ꦝꦶꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈
꧋ꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦮꦂꦒꦩꦱꦾꦫꦏꦠ꧀ꦆꦁꦥꦣꦸꦏꦸꦲꦤ꧀ꦒꦸꦮꦺꦴꦭꦤ꧀ꦱꦏ꧀ꦏꦶꦮꦠꦼꦔꦼꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦤꦤ꧀ꦱꦼꦤ꧀ꦝꦁꦄꦔꦶꦤ꧀ꦄꦔꦶꦤ꧀ꦔ꧀ꦒꦣꦲꦶꦄꦂꦠꦺꦴꦱ꧀ꦆꦁꦏꦁꦧꦏꦺꦤ꧀ꦱꦔꦺꦠ꧀꧈ꦱꦤꦺꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦒꦺꦩ꧀ꦚꦼꦏꦥꦶꦏꦧꦺꦠꦲꦤ꧀ꦒꦼꦱꦁꦏꦣꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦫꦩ꧀ꦭꦤ꧀ꦈꦩ꧀ꦧꦃꦈꦩ꧀ꦧꦃ꧈ꦈꦒꦶꦄꦱ꧀ꦥꦺꦏ꧀ꦱ꧀ꦥꦶꦫꦶꦠꦸꦮꦭ꧀꧈ꦱ꧀ꦭꦩꦺꦠ꧀ꦫꦶꦪꦤ꧀ꦠꦺꦴꦔ꧀ꦒꦣꦲꦶꦥꦔꦗꦧ꧀ꦠꦿꦣꦶꦱꦶꦧꦸꦣꦪꦠꦸꦫꦸꦤ꧀ꦠꦼꦩꦸꦫꦸꦤ꧀ꦩꦼꦤꦶꦏꦱꦒꦺꦠ꧀ꦝꦶꦊꦱ꧀ꦠꦫꦶꦏꦺꦩ꧀ꦧꦺꦴꦠꦺꦤ꧀ꦤꦩꦸꦁꦱꦏꦶꦁꦱ꧀ꦥꦶꦫꦶꦠꦸꦮꦭ꧀ꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦄꦤꦔꦶꦤ꧀ꦔ꧀ꦈꦒꦶꦥꦫꦶꦮꦶꦱꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦱꦼꦲꦶꦁꦒꦱꦒꦺꦠ꧀ꦤꦩ꧀ꦧꦲꦶꦥꦼꦫꦺꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦩꦶꦪꦤ꧀ꦩꦱꦾꦫꦏꦠ꧀꧈
꧋ꦏꦣꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤꦺꦥꦺꦴ“ꦠꦸꦩ꧀ꦧꦸꦎꦭꦺꦃꦠꦸꦠꦸꦥ꧀”꧈ꦥꦔꦤ꧀ꦝꦶꦏꦤ꧀ꦲꦫꦥꦤ꧀ꦭꦸꦫꦃꦠꦿꦶꦮꦶꦣꦝꦶꦤꦶꦏꦶꦏꦣꦺꦴꦱ꧀ꦄꦁꦱꦭ꧀ꦧꦪꦸꦱꦼꦒꦼꦂ꧉ꦏꦣꦺꦴꦱ꧀ꦆꦁꦏꦁꦣꦶꦄꦠꦸꦫꦏꦺꦤ꧀ꦱꦺꦏꦿꦼꦠꦫꦶꦱ꧀ꦝꦶꦤꦱ꧀ꦏꦼꦧꦸꦣꦪꦄꦤ꧀(ꦏꦸꦤ꧀ꦝꦏꦧꦸꦢꦪꦤ꧀)ꦏꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦧꦤ꧀ꦠꦸꦭ꧀ꦱ꧀ꦭꦩꦺꦠ꧀ꦥꦩꦸꦗꦶ꧉ꦧꦶꦭꦶꦃꦱꦏ꧀ꦩꦼꦤꦶꦏꦣꦶꦤꦱ꧀ꦏꦼꦧꦸꦣꦪꦄꦤ꧀ꦏꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦧꦤ꧀ꦠꦸꦭ꧀ꦱꦮꦺꦒ꧀ꦩꦼꦁꦒꦭꦶꦲꦏꦺꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦔꦿꦼꦩ꧀ꦧꦒ꧀ꦈꦥꦕꦫꦄꦣꦠ꧀ꦔꦸꦫꦱ꧀ꦱꦼꦤ꧀ꦝꦁꦄꦔꦶꦤ꧀ꦄꦔꦶꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦆꦁꦥꦣꦸꦏꦸꦲꦤ꧀ꦒꦸꦮꦺꦴ꧈ꦠꦿꦶꦮꦶꦣꦝꦶ꧈ꦥꦗꦔꦤ꧀ꦱꦸꦥꦣꦺꦴꦱ꧀ꦝꦶꦪꦸꦱꦸꦭꦏꦺꦤ꧀ꦝꦣꦺꦴꦱ꧀ꦮꦫꦶꦱꦤ꧀ꦧꦸꦣꦪꦠꦏ꧀ꦧꦼꦤ꧀ꦝꦠꦺꦁꦏꦼꦩꦼꦤ꧀ꦠꦼꦫꦶꦪꦤ꧀ꦥꦼꦤ꧀ꦝꦶꦣꦶꦏꦤ꧀ꦝꦤ꧀ꦏꦼꦧꦸꦣꦪꦄꦤ꧀꧈ꦱꦏ꧀ꦈꦩ꧀ꦥꦩꦶꦣꦶꦱꦼꦠꦸꦗꦸꦮꦶ꧈ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦸꦈꦥꦕꦫꦄꦣꦠ꧀ꦱꦼꦤ꧀ꦝꦁꦄꦔꦶꦤ꧀ꦄꦔꦶꦤ꧀ꦤꦶꦏꦶꦱꦒꦺꦠ꧀ꦠꦩ꧀ꦧꦃꦒꦪꦼꦁ