Pajangan (25/10) dinten Jumat tabuh 13.00 WIB kanti papan ing dusun Beji Kulon, Sendang sari, Pajangan kalaksanaken adicoro Merti Dusun Beji Kulon sendangsari pajangan. rawuh wonten acoro menika Panewu pajangan, forkompinkap pajangan, pamong, dukuh Beji kulon lan tokoh masyarakat . Acara Merti Dusun niiki di milai kanti potong tumpeng kaleh panewu pajangan, lan acara
Angon bareng lomba mendho lan kambing kanti kathahe 300mendho, wonten ing acara menika dilaksanaken lomba bobot awak mendho lan kambing, lomba awak mendho proporsional lan sehat. Kegiatan niki badhe dilaksanake setahun sepindah.
lan rencananipun sadean mendo lan kambing mangke bade kalaksanaken pendak 2 utawi 3 wulan sepindah (amn)
꧋ꦥꦗꦔꦤ꧀(꧇꧒꧕꧇/꧇꧑꧐꧇)ꦣꦶꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦗꦸꦩ꧀ꦄꦠ꧀ꦠꦧꦸꦃ꧇꧑꧓꧇꧉꧇꧐꧐꧇ꦮꦶꦧ꧀ꦏꦤ꧀ꦠꦶꦥꦥꦤ꧀ꦆꦁꦣꦸꦱꦸꦤ꧀ꦧꦼꦗꦶꦏꦸꦭꦺꦴꦤ꧀ꦱꦼꦤ꧀ꦝꦁꦱꦫꦶ꧈ꦥꦗꦔꦤ꧀ꦏꦭꦏ꧀ꦱꦤꦏꦺꦤ꧀ꦄꦣꦶꦕꦺꦴꦫꦺꦴꦩꦼꦂꦠꦶꦣꦸꦱꦸꦤ꧀ꦧꦼꦗꦶꦏꦸꦭꦺꦴꦤ꧀ꦱꦼꦤ꧀ꦝꦁꦱꦫꦶꦥꦗꦔꦤ꧀꧈ꦫꦮꦸꦃꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦄꦕꦺꦴꦫꦺꦴꦩꦼꦤꦶꦏꦥꦤꦼꦮꦸꦥꦗꦔꦤ꧀ꦥ꦳ꦺꦴꦂꦏꦺꦴꦩ꧀ꦥꦶꦤ꧀ꦏꦥ꧀ꦥꦗꦔꦤ꧀ꦥꦩꦺꦴꦁ꧈ꦣꦸꦏꦸꦃꦧꦼꦗꦶꦏꦸꦭꦺꦴꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦠꦺꦴꦏꦺꦴꦃꦩꦱꦾꦫꦏꦠ꧀꧈ꦄꦕꦫꦩꦼꦂꦠꦶꦣꦸꦱꦸꦤ꧀ꦤꦶꦪꦶꦏꦶꦣꦶꦩꦶꦭꦻꦏꦤ꧀ꦠꦶꦥꦺꦴꦠꦺꦴꦁꦠꦸꦩ꧀ꦥꦼꦁꦏꦭꦺꦃꦥꦤꦼꦮꦸꦥꦗꦔꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦄꦕꦫ
꧋ꦄꦔꦺꦴꦤ꧀ꦧꦉꦁꦭꦺꦴꦩ꧀ꦧꦩꦼꦤ꧀ꦝꦺꦴꦭꦤ꧀ꦏꦩ꧀ꦧꦶꦁꦏꦤ꧀ꦠꦶꦏꦛꦲꦺ꧇꧓꧐꧐꧇ꦩꦼꦤ꧀ꦝꦺꦴ꧈ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦆꦁꦄꦕꦫꦩꦼꦤꦶꦏꦣꦶꦭꦏ꧀ꦱꦤꦏꦺꦤ꧀ꦭꦺꦴꦩ꧀ꦧꦧꦺꦴꦧꦺꦴꦠ꧀ꦄꦮꦏ꧀ꦩꦼꦤ꧀ꦝꦺꦴꦭꦤ꧀ꦏꦩ꧀ꦧꦶꦁ꧈ꦭꦺꦴꦩ꧀ꦧꦄꦮꦏ꧀ꦩꦼꦤ꧀ꦝꦺꦴꦥꦿꦺꦴꦥꦺꦴꦂꦱꦶꦪꦺꦴꦤꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦱꦺꦲꦠ꧀꧈ꦏꦼꦒꦶꦪꦠꦤ꧀ꦤꦶꦏꦶꦧꦣꦺꦣꦶꦭꦏ꧀ꦱꦤꦏꦺꦱꦼꦠꦲꦸꦤ꧀ꦱꦼꦥꦶꦤ꧀ꦝꦃ꧉
꧋ꦭꦤ꧀ꦉꦚ꧀ꦕꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦣꦺꦪꦤ꧀ꦩꦼꦤ꧀ꦝꦺꦴꦭꦤ꧀ꦏꦩ꧀ꦧꦶꦁꦩꦁꦏꦺꦧꦣꦺꦏꦭꦏ꧀ꦱꦤꦏꦺꦤ꧀ꦥꦼꦤ꧀ꦝꦏ꧀꧇꧒꧇ꦈꦠꦮꦶ꧇꧓꧇ꦮꦸꦭꦤ꧀ꦱꦼꦥꦶꦤ꧀ꦝꦃ(ꦄꦩ꧀ꦤ꧀