Evaluasi ro Tasyakuran Pekan Olahraga Paguyuban dukuh (Pandu) Kabupaten Bantul. ꧋ꦌꦮ꦳ꦭꦸꦮꦱꦶꦫꦺꦴꦠꦱꦾꦏꦸꦫꦤ꧀ꦥꦼꦏꦤ꧀ꦎꦭꦲꦿꦒꦥꦒꦸꦪꦸꦧꦤ꧀ꦝꦸꦏꦸꦃꦏꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦧꦤ꧀ꦠꦸꦭ꧀

Pajangan, Kamis 18 Juli 2024 papan ning daleme bapak Sulisman, Dukuh Kembang Putihan, Guwosari dienengno kegiatan evaluasi karo tasyakuran POR Pandu Kabupaten Bantul. rawuh ing adicoro kui Panewu Pajangan, Kapolsek Pajangan, Lurah Guwosari, Lurah Sendangsari, ro atlet pandu Kapanewon Pajangan.
 

Ketua Pandu Kapanewon Pajangan, bapak Surinto pangandikake laporan acara POR pandu sing wis kelakon, yoiku paguyuban dukuh Kapanewon Pajangan kasil  mempertahanke prestasi tahun sak durunge. Tahun iki Pandu Kapanewon Pajangan kasil dadi juara 1 cabang olah raga tenis meja, karo juara 3  ning cabang olahraga badminton.
 

Lurah Guwosari, Masduki Rahmat, SIP pangadikan ngucapke selamat nggo pandu kapanewon Pajangan  sing kasil  nglanggengke prestasi ning cabang tenis meja, lan  dedongo sesok yo iso berprestasi ning cabang olah raga sing liyane. Prestasi ke gayuh sebab kerjasama karo kompake awake dewe.

 

, Panewu Pajangan, Anjar Arintaka Putra, S.Sos, MM yo ngalem karo ndukung kegiatan POR pandu iki, lewat olahraga , awake dewe iso pikoleh keapikan , njogo kesehatan, karo silaturahmi, karo kekompakan.