pengaosan kaliyan Ustadz Miko Cakcoy Pathoknegoro
ꦥꦼꦔꦎꦱꦤ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦈꦱ꧀ꦠꦣ꧀ꦗ꦳꧀ꦩꦶꦏꦺꦴꦕꦏ꧀ꦕꦺꦴꦪ꧀ꦥꦛꦺꦴꦏ꧀ꦤꦺꦒꦺꦴꦫꦺꦴ
Guwosari, Kamis 04 April 2024
Pengaosan wulan Ramadhon warsa 1445 Ustadz Miko Cakcoy Pathoknegoro teng GOR Kalurahan Guwosari Pajangan Bantul.
Sambutan Lurah Guwosari Masduki Rahmad, SIP, Pengaosan dados panggenan silaturahmi kagem warga lan pegawai, ing pundi pengaosan wulan ramadhan menika saking penggalihe kapanewon pajangan. ingkang dipun wontenaken pendak dinten kamis. lan kalurahan Guwosari nggih dados panutup sangking urutan pengaosan wulan Romadhan 1445H.

Bapak Panewu Pajangan maturaken apresiasi lan bombongan kaleh acara pengaosan menika, lan ugi apresiasi dateng Guwasari awit respon sae nipun kalurahan guwosari. lan dedonga mugi mugi ndadosaken tulada kagem sanesipun teng wilayah kabupaten bantul. temtu nipun kalaksanane pengaosan menika amargi ontenipun sinergitas saking lurah, pamong lan lembaga lembaga kalurahan lan masyaerakat.
Ustadz Miko Cakcoy Pathoknegoro wonten ing tauziahipun ngaturaken wonten ing nyukani motivasi pengaosan perlu cawe nipun : tiyang sepuh, guru nipun bingah nyukani pendidikan, lan murid ingkang sami sregep nderek pengaosan.
pentingipun mbungahi guru ngaos , supados di ridhani Allah AWT, keranten nek kito remen sodakoh njalari bungahken awak kito piyambak, perlu di emut wulan romadon yo niku wulan sodakoh lan ujian, perkawis niku supados manungso paham sejatinipun ngaos lan siyam njalari tiyang dados takwa. sehinggo muslim sadar bilih siyam saget gadah tepo seliro kaliyan tiyang mboten gadah .
rawuh :
Ustadz Miko Cakcoy Pathoknegoro
Jajaran Kap. Pajangan :
Jajaran Koramil
Jajaran Polsek Pajangan
Jajaran KUA
Lurah Kapanewon Pajangan
Pamong Kalurahan Pajangan
Bamuskal
Dukuh
RT se Guwosari
Lembaga-lembaga Kalurahan
Masyarakat Guwosari[pjg]
ꦒꦸꦮꦺꦴꦱꦫꦶ꧈ꦏꦩꦶꦱ꧀꧇꧐꧔꧇ꦄꦥꦿꦶꦭ꧀꧇꧒꧐꧒꧔꧇
꧋ꦥꦼꦔꦎꦱꦤ꧀ꦮꦸꦭꦤ꧀ꦫꦩꦣꦺꦴꦤ꧀ꦮꦂꦱ꧇꧑꧔꧔꧕꧇ꦈꦱ꧀ꦠꦣ꧀ꦗ꦳꧀ꦩꦶꦏꦺꦴꦕꦏ꧀ꦕꦺꦴꦪ꧀ꦥꦛꦺꦴꦏ꧀ꦤꦺꦒꦺꦴꦫꦺꦴꦠꦺꦁꦒꦺꦴꦂꦏꦭꦸꦫꦲꦤ꧀ꦒꦸꦮꦺꦴꦱꦫꦶꦥꦗꦔꦤ꧀ꦧꦤ꧀ꦠꦸꦭ꧀꧈
꧋ꦱꦩ꧀ꦧꦸꦠꦤ꧀ꦭꦸꦫꦃꦒꦸꦮꦺꦴꦱꦫꦶꦩꦱ꧀ꦝꦸꦏꦶꦫꦃꦩꦣ꧀ꦱꦶꦥ꧀ꦥꦼꦔꦎꦱꦤ꧀ꦝꦣꦺꦴꦱ꧀ꦥꦁꦒꦺꦤꦤ꧀ꦱꦶꦭꦠꦸꦫꦃꦩꦶꦏꦒꦺꦩ꧀ꦮꦂꦒꦭꦤ꧀ꦥꦼꦒꦮꦻ꧈ꦆꦁꦥꦸꦤ꧀ꦝꦶꦥꦼꦔꦎꦱꦤ꧀ꦮꦸꦭꦤ꧀ꦫꦩꦣꦤ꧀ꦩꦼꦤꦶꦏꦱꦏꦶꦁꦥꦼꦁꦒꦭꦶꦲꦺꦏꦥꦤꦺꦮꦺꦴꦤ꧀ꦥꦗꦔꦤ꧀꧈ꦆꦁꦏꦁꦣꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦤꦏꦺꦤ꧀ꦥꦼꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦝꦶꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦏꦩꦶꦱ꧀꧈ꦭꦤ꧀ꦏꦭꦸꦫꦲꦤ꧀ꦒꦸꦮꦺꦴꦱꦫꦶꦔ꧀ꦒꦶꦃꦣꦝꦺꦴꦱ꧀ꦥꦤꦸꦠꦸꦥ꧀ꦱꦁꦏꦶꦁꦈꦫꦸꦠꦤ꧀ꦥꦼꦔꦎꦱꦤ꧀ꦮꦸꦭꦤ꧀ꦫꦺꦴꦩꦣꦤ꧀꧇꧑꧔꧔꧕꧇ꦲ꧀꧈
ꦒꦸꦮꦺꦴꦱꦫꦶ꧈ꦏꦩꦶꦱ꧀꧇꧐꧔꧇ꦄꦥꦿꦶꦭ꧀꧇꧒꧐꧒꧔꧇
꧋ꦥꦼꦔꦎꦱꦤ꧀ꦮꦸꦭꦤ꧀ꦫꦩꦣꦺꦴꦤ꧀ꦮꦂꦱ꧇꧑꧔꧔꧕꧇ꦈꦱ꧀ꦠꦣ꧀ꦗ꦳꧀ꦩꦶꦏꦺꦴꦕꦏ꧀ꦕꦺꦴꦪ꧀ꦥꦛꦺꦴꦏ꧀ꦤꦺꦒꦺꦴꦫꦺꦴꦠꦺꦁꦒꦺꦴꦂꦏꦭꦸꦫꦲꦤ꧀ꦒꦸꦮꦺꦴꦱꦫꦶꦥꦗꦔꦤ꧀ꦧꦤ꧀ꦠꦸꦭ꧀꧈
꧋ꦧꦥꦏ꧀ꦥꦤꦼꦮꦸꦥꦗꦔꦤ꧀ꦩꦠꦸꦫꦏꦺꦤ꧀ꦄꦥꦿꦺꦱꦶꦪꦱꦶꦭꦤ꧀ꦧꦺꦴꦩ꧀ꦧꦺꦴꦔꦤ꧀ꦏꦭꦺꦃꦄꦕꦫꦥꦼꦔꦎꦱꦤ꧀ꦩꦼꦤꦶꦏ꧈ꦭꦤ꧀ꦈꦒꦶꦄꦥꦿꦺꦱꦶꦪꦱꦶꦣꦠꦺꦁꦒꦸꦮꦱꦫꦶꦄꦮꦶꦠ꧀ꦉꦱ꧀ꦥꦺꦴꦤ꧀ꦱꦌꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦭꦸꦫꦲꦤ꧀ꦒꦸꦮꦺꦴꦱꦫꦶ꧉ꦭꦤ꧀ꦝꦼꦣꦺꦴꦔꦩꦸꦒꦶꦩꦸꦒꦶꦤ꧀ꦝꦣꦺꦴꦱꦏꦺꦤ꧀ꦠꦸꦭꦣꦏꦒꦺꦩ꧀ꦱꦤꦺꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦺꦁꦮꦶꦭꦪꦃꦏꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦧꦤ꧀ꦠꦸꦭ꧀꧈ꦠꦼꦩ꧀ꦠꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦭꦏ꧀ꦱꦤꦤꦺꦥꦼꦔꦎꦱꦤ꧀ꦩꦼꦤꦶꦏꦄꦩꦂꦒꦶꦎꦤ꧀ꦠꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦶꦤꦺꦂꦒꦶꦠꦱ꧀ꦱꦏꦶꦁꦭꦸꦫꦃ꧈ꦥꦩꦺꦴꦁꦭꦤ꧀ꦊꦩ꧀ꦧꦒꦊꦩ꧀ꦧꦒꦏꦭꦸꦫꦲꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦩꦱꦾꦌꦫꦏꦠ꧀꧈
꧋ꦈꦱ꧀ꦠꦣ꧀ꦗ꦳꧀ꦩꦶꦏꦺꦴꦕꦏ꧀ꦕꦺꦴꦪ꧀ꦥꦛꦺꦴꦏ꧀ꦤꦺꦒꦺꦴꦫꦺꦴꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦆꦁꦠꦻꦴꦗ꦳ꦶꦪꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦔꦠꦸꦫꦏꦺꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦆꦁꦚꦸꦏꦤꦶꦩꦺꦴꦠꦶꦮ꦳ꦱꦶꦥꦼꦔꦎꦱꦤ꧀ꦥꦼꦂꦭꦸꦕꦮꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧇ꦠꦶꦪꦁꦱꦼꦥꦸꦃ꧈ꦒꦸꦫꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦶꦔꦃꦚꦸꦏꦤꦶꦥꦼꦤ꧀ꦝꦶꦣꦶꦏꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦩꦸꦫꦶꦣ꧀ꦆꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦱꦿꦼꦒꦼꦥ꧀ꦤ꧀ꦝꦼꦉꦏ꧀ꦥꦼꦔꦎꦱꦤ꧀꧈
꧋ꦥꦼꦤ꧀ꦠꦶꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩ꧀ꦧꦸꦔꦲꦶꦒꦸꦫꦸꦔꦎꦱ꧀ꦱꦸꦥꦣꦺꦴꦱ꧀ꦝꦶꦫꦶꦣꦤꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦄꦮ꧀ꦠ꧀ꦏꦼꦫꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦤꦼꦏ꧀ꦏꦶꦠꦺꦴꦉꦩꦼꦤ꧀ꦱꦺꦴꦣꦏꦺꦴꦃꦚ꧀ꦗꦭꦫꦶꦧꦸꦔꦃꦏꦺꦤ꧀ꦄꦮꦏ꧀ꦏꦶꦠꦺꦴꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦥꦼꦂꦭꦸꦣꦶꦄꦼꦩꦸꦠ꧀ꦮꦸꦭꦤ꧀ꦫꦺꦴꦩꦣꦺꦴꦤ꧀ꦪꦺꦴꦤꦶꦏꦸꦮꦸꦭꦤ꧀ꦱꦺꦴꦣꦏꦺꦴꦃꦭꦤ꧀ꦈꦗꦶꦪꦤ꧀ꦥꦼꦂꦏꦮꦶꦱ꧀ꦤꦶꦏꦸꦱꦸꦥꦣꦺꦴꦱ꧀ꦩꦤꦸꦁꦱꦺꦴꦥꦲꦩ꧀ꦱꦼꦗꦠꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦔꦎꦱ꧀ꦭꦤ꧀ꦱꦶꦪꦩ꧀ꦚ꧀ꦗꦭꦫꦶꦠꦶꦪꦁꦣꦝꦺꦴꦱ꧀ꦠꦏ꧀ꦮ꧉ꦱꦼꦲꦶꦁꦒꦺꦴꦩꦸꦱ꧀ꦭꦶꦩ꧀ꦱꦣꦂꦧꦶꦭꦶꦃꦱꦶꦪꦩ꧀ꦱꦒꦺꦠ꧀ꦒꦣꦃꦠꦺꦥꦺꦴꦱꦼꦭꦶꦫꦺꦴꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦩ꧀ꦧꦺꦴꦠꦺꦤ꧀ꦒꦣꦃ꧉