Sosialisasi Nyegah Mlebu ne Narkoba Kanggo Pengurus Gereja Pajangan Ning Pendapa Kapanewon Pajangan. ꧋ꦱꦺꦴꦱꦶꦪꦭꦶꦱꦱꦶꦚꦼꦒꦃꦩ꧀ꦭꦼꦧꦸꦤꦼꦤꦂꦏꦺꦴꦧꦏꦁꦒꦺꦴꦥꦼꦔꦸꦫꦸꦱ꧀ꦒꦼꦫꦺꦗꦥꦗꦔꦤ꧀ꦤꦶꦁꦥꦼꦤ꧀ꦝꦥꦏꦥꦤꦺꦮꦺꦴꦤ꧀ꦥꦗꦔꦤ꧀

Sosialisasi Nyegah Narkoba kanggo pengurus gereja ning Pendopo Kapanewon Pajangan

 

Sendangsari, Setu 11 Mei 2024

Narkoba wis ket mbiyen di disosialisasike. sebab bahaya banget  nganggo narkoba. pendak wong meh kabeh ngerti, penyalahgunaan narkotika, psikotropika, karo bahan adiktif bahaya liyone njalari rusak ning mental, jiwo, karo organ awak kabeh. dadi narkoba ki yo mbebayani urip menungso, ketok keluarga, masyarakat. terus metu pitakon, ngopo wong ki nganti keno / pecandu narkoba?  . 

piro piro sebabe yoiku : 

-kepinginan nyoba nyoba, karo pingin mbedani pengadatan.

-kurang kendel/PD, akhire dadi adiksi (ketergantungan) 

-pengaruh lingkungan, kekancan sing elek/kliru, dipekso kanca kancane, nek ra gelem di tatuni, utowo di jebak akhire mlebu ning penyalahgunaan narkoba.

sebab liyane wong kui dadi pecandu narkoba di pengaruhi 3 perkoro ,koyo to. 

- kondisi psikologi

-babagan sosial kemasyarakatan

-pingin nentremke ati, urip kerep ora koyo sing di karepke dewe, yo sebab kui awake dewe kudu nompo.

-keno gangguan mental. 3 perkoro kui sing kerep dadi sebab utomo ngopo wong ngrasuk narkoba. 

beda ne Narkotika karo Psikotropika :

  • Narkotika yoiku zat utowo obat sing seko tanduran utowo udu seko tanduran, mulai sing sintetis karo sing semi sintetis. zat iki marake piro piro efek koyo to ilang kesadaran, ngomyang, dadi kendel, nek keno tatu ora loro, lan marake kepingin nganggo terus ..
  • Psikotropika yokui  zat atowo obat, yo termasuk sing  alami karo sintetis sing udu  narkotika. Zat iki njur marake pengaruh ning saraf njero. terus marake berubahe mental karo lelakon.
  •  

 

rawuh  :

Serda Sutrisno

AIPDA Muhammad Jumadi

Puskesmas Kurdining Tyas

Lurah Durori, SPD MPd, 

Pamong Jogoboyo Sulistianto dan 

Staf Kalurahan Sendangsari Rumboko

Jemaat Gereja St.Yakobus Alfeus Pajangan.[pjg]